Dinas Perhubungan Gunungkidul Antusias Melu Lomba Senam Kreasi

(Kamis, 5 September 2024) Kangge mengeti dinten Olahraga Nasional (Haornas) Kabupaten Gunungkidul ingkang kaping 41, dipunwontenaken lomba senam kreasi kanthi tembang Mojang Priangan. Lomba senam iki dirawuhi dening OPD, Kapanewon, TNI, Polri, BUMN lan BUMD ing saindhenging Kabupaten Gunungkidul kanthi panitia yaiku Dinas Pemuda dan Olahraga Kabupaten Gunungkidul. 

Lokasi lomba yaiku ing Terminal Tipe A Dhaksinarga Selang, kanthi 27 grup. Antusiase peserta lomba duwur, pada nggowo suporter saben kelompok supaya lomba senam kreasi iki rame lan meriah.
Sanadyan wakil saka Dinas Perhubungan Kabupaten Gunungkidul durung bisa ngrebut juara ing lomba senam kreasi iki, ananging ana rasa kebersamaan sing terjalin antarane peserta lomba lan suporter saka Dinas Perhubungan pancen kuwat banget kanggo menehi panyengkuyung lan tetep semangat melu maneh ing acara sing bakal teka.



Kembali